Majlis Ta'lim Jam'iyah Rifa'iyah Kab. Tegal

Majlis Ta'lim Jam'iyah Rifa'iyah Kab. Tegal

Share

Kajian Pengaosan Kitab Tarajumah karya Syekh Ahmad Rifa'i Al-Jawi Setiap Rabu Manis

03/06/2026

TANBIHUN Tan(ora) kena ora wong neja ngibadah # Arep mepeki sekeh Rukun lan Syarat # Sekeh Rukun lan batale weruhe di hajat # Sucine banyu wajib di himmat # Utawi banyu kang sah ginawe sucine, # iku banyu pepitu warna wilangane #
1), Banyu Udan
2), Banyu Segara
3), Banyu Kali'ne #
4), Banyu Sumur
5), Banyu Sumberan Tinemune #
6), Banyu Bun
7), Banyu Burud iku kinawaruhan #
Lamon durung Faham maka wajib pitakonan # Barang ngilmu fahame saking guru pituturan # Takon maring Alim Adil kapercayaan

02/06/2026

Karya-Karya KH. Ahmad Rifai

Oleh : Santri Rifa'iyah

Kitab-kitab tarajumah karangan K H. Ahmad Rifai pada tahun 1225 H hingga akhirnya diasingkan ke Ambon jumlahnya mencapai 62 buah dan kitab nadzam doa beserta jawabannya, yang isinya mencakup tiga bidang ilmu agama Islam, yaitu Ilmu Ushu al-Din, Ilmu Fiqih, dan Ilmu Tasawuf.
Kitab-kitab Karangan KH. Ahmad Rifai adalah sebagai berikut:
Risalah (1254 H, bab Fatwa-fatwa Agama)
Syarih al-Iman (12 koras, 240 hal, 4 Rabiul Awal 1255 H, bab Iman, Islam, dan Ihsan)
Thuulab (1259 H, bab Kiblat Shalat)
Taisir (1 koras, 20 hal, 22 Rabiul Awal 1255 H, bab Shalat Jumat)
Inayah (17 koras, 340 hal, 8 Rajab 1256 H, bab Ilmu Khalifah)
Bayan (21 koras, 420 hal, 17 Shafar 1256 H, bab Mengajar Ilmu)
Targhib (27 koras, 540 hal, 17 Shafar 1257 H, bab Marifat pada Allah Swt)
Thariqat Besar (24 koras, 480 hal, 1257 H, bab Jalan Kebenaran)
Thariqat Kecil (8 koras, 160 hal, 1257 H, bab Thariqatullah)
Athlab (11/2 koras, 32 hal, 11 Syawal 1259 H, bab Mencari Ilmu Pengetahuan)
Husn al-Mithalab (12 koras, 2 Muharram 1259 H, bab Tiga Ilmu Agama atau Ushul, Fiqh, dan Tasawuf)
Absyar (1 koras, 20 hal, 22 Syawal 1260 H, bab Kiblat Shalat)
Tafriqah (25 koras, 500 hal, 20 Syawal 1260 H, bab Kewajiban Manusia)
Asn al-Miqashad (30 koras, 600 hal, 4 Syawal 1261 H, bab Ushul, Fiqh, dan Tasawuf)
Tafshilah (1 koras, 20 hal, 2 Muharram 1259 H, bab Memantapkan Ilmu)
Imdad (1 koras, 20 hal, 11 Muharram 1261 H, bab Ilmu Takbir)
Irsyad (12 koras, 240 hal, 17 Dzulhijjah 1261 H, bab Ilmu yang Bermanfaat)
Arja (4 koras, 80 hal, 22 Rajab 1261 H, bab Hikayat Isra dan Miraj Nabi Muhammad Saw)
Irfaq (1261, bab Iman)
Jamul Masail (6 koras, 120 hal, 1261 H, bab Ilmu Tasawuf)
Jamul Masail (1257 H, bab Tiga Ilmu Agama)
Shawalih (10 koras, 200 hal, 11 Shafar 1262 H, bab Islam, dan Persatuan)
Miqshadi (4 koras, 80 hal, 1262 H, bab Ilmu tentang Fatihah)
Asad (12 koras, 240 hal, 12 Ramadhan 1261 H, bab Iman dan Marifat)
Hasaniyah (1262 H, bab Fardhu Mubadarah)
Tabyin al-Ishlah (11 koras, 220 hal, 24 Syawal 1264 H, bab Munakahat)
Abyan al-Hawaij (82 koras, 1640 hal, 9 Jumadil Akhir 1264 H, bab Ushul, Fiqih, dan Tasawuf)
Takhyirah (1 koras, 20 hal, 19 Muharram 1265 H, bab Iman dan Syahadat)
Kaifiyah (4 koras, 80 hal, 15 Rabiul Awal 1265 H, bab Shalat Lima Waktu)
Mishbahah (1266 H, bab Melalaikan Shalat)
Riayat al-Himmat (25 koras, 500 hal, 7 Rabiul Awal 1266 H, bab Ushul, Fiqh, dan Tasawuf)
Tasyrihat al-Muhtaj (10 koras, 200 hal, 10 Rajab 1266 H, bab Jual Beli/Muaamalat)
Bashtiyah (2 koras, 40 hal, 1268 H, bab Syariat yang Benar)
Tahsinah (5 koras, 100 hal, 22 Dzulhijjah 1268 H, bab Ilmu Tajwid)
Tadzkiyah (6 koras, 60 hal, 17 Shafar 1269 H, bab Menyembelih Hewan)
Fatawiyah (1 koras, 20 hal, 4 Muharram 1269, bab Ilmu Memberi Fatwa)
Samhiyah (1 koras, 16 hal, 1269 H, bab Shalat Jumat)
Rukhshiyah (1 koras, 20 hal, 17 Rabiul Awal 1269 H, bab Shalat Qashar Jama)
Mushlihah (10 koras, 100 hal, 19 Syaban 1270 H, bab Pembagian Warisan)
Wadhihah (12 koras, 240 hal, 1272 H, bab Ibadah Haji)
Tansyirah (2 koras, 34 hal, 9 Syawal 1273, bab 10 Wasiat Agama)
Muhibbah (2 koras, 40 hal, 16 Dzulhijjah 1273 H, bab Nikmat Allah Swt)
Minwar al-Himmat (1 koras, 20 hal, 17 Syaban 1272 H, bab Talqin Mayit)
Mirghab at-Thaat (1273 H, bab Iman dan Syahadat)
Fauziyah (1 koras, 20 hal, 6 Jumadil Akhir 1261 H, bab Macam-macam Maksiat)
Ulwiyah (2 koras, 40 hal, 9 Jumadil Akhir 1266 H, bab Takabur Karena Harta)
Fadhiyah (2 koras, 40 hal, 4 Muharram 1263 H, bab Dzikrullah)
Rujumiyah (1266 H, bab Shalat Jumat)
Mauniyah (1 koras, 24 hal, 14 Jumadil awal 1266 H, bab Sebab-sebab Jadi Kafir)
Tashfiyah (1273 H, bab Makna Fatihah)
Jamul Masail (19 koras, 380 hal, 1261 H, bab Fikih dan Tasawuf)
Nashihat al-Awwam (1254 H, bab Nasihat Kepada Masyarakat)
Hujahiyah (1273 H, bab Ilmu Tata Cara Dialog)
Qawaid (1257 H, bab Ilmu Agama)
Mufhamah (1266 H, bab Mukmin dan Kafir)
Tahsin (1261 H, bab Shalat dan Puasa)
Surat kepada R. Penghulu Pekalongan (1273 H)
500 Tanbih bahasa Jawa (2000 hal, 1273 H)
700 Nadham Doa dan Jawabannya (2800 hal, 1270-1273 H)
Puluhan Tanbih Rejeng (1273 H, bab ad-Din)
Shihatun Nikah, Mukhtashar Tabyin al-Ishlah
Nadzam Wiqayah.
Bahwa kitab Tanbih terdiri dari tiga halaman folio sebanyak 114 (seratus empat belas) baris nadzam dan didalam setiap Tanbih membahas satu masalah agama berbeda-beda, berarti dalam 500 (lima ratus) Tanbih, terdapat 500 (lima ratus) buah judul. Kalau tiap satu Tanbih dapat dihitung sebuah kitab, maka kitab-kitab karangan KH. Ahamd Rifai di Jawa menjadi 562 (lima ratus enam puluh dua) buah judul. Begitu juga kitab Tanbih bahasa Melayu yang disusun di Ambon, Maluku Utara sebanyak 60 (enam puluh) buah judul, dan 6 (enam) buah judul kitab lainnya seperti tersebut di bawah ini, jika digabungkan menjadi 1 (satu), jumlah keseluruhan kitab karangan KH. Ahmad Rifai akan mencapai sebanyak 627 (enam ratus dua puluh tujuh) buah judul kitab.

Photos from Majlis Ta'lim Jam'iyah Rifa'iyah Kab. Tegal's post 28/05/2026

Kitab hukum Syari'at, Ushul Fiqih dan Tasasuf Karya Syekh Ahmad Rifa'i Al jawi

27/05/2026

(7) Tahyiroh Muhtashor

Utawi wong kang luwih kinasih dene Allah, Iku sebab luwih wedine wong iku ing Allah, Ikilah dalil Qur'an kalamullah Ta'ala
إِنَّ أَكْرَمَكُمْ عِنْدَ اللَّهِ أَتْقَاكُمْ
Q.S. Al-Hujurat ayat 13
Satuhune luwih mulya Niro kabeh kang kinasih mungguh Allah, Iku luwihe wediniro kabeh ing Allah, Netepi wajib tinggal ma'siat ngenggoni Adil dadi Waliyullah Khoas kaya wicarane ngarep wus kapertelanan, Ikilah janjine Allah ingdalem Qur'an
وَعَدَ اللَّهُ الْمُؤْمِنِينَ وَالْمُؤْمِنَاتِ جَنَّاتٍ
Surat At-Taubah ayat 72
Wus janji Allah ing sekehe wong mu'mun Lanang lan sekehe wing mu'mun Wadon ing sawarga panggonan langgeng enom Kahuripan luwih ni'mat kaluhuran, Ikilah dalil Qur'an
سَابِقُوٓا۟ إِلَىٰ مَغْفِرَةٍ مِّن رَّبِّكُمْ وَجَنَّةٍ عَرْضُهَا كَعَرْضِ السَّمَآءِ وَالْأَرْضِ أُعِدَّتْ لِلَّذِينَ ءَامَنُوا۟ بِاللَّهِ وَرُسُلِهِۦ ۚ ذَٰلِكَ فَضْلُ اللَّهِ يُؤْتِيهِ مَن يَشَآءُ ۚ وَاللَّهُ ذُو الْفَضْلِ الْعَظِيمِ
Surat Al-Hadid Ayat 21
Pada ganjangan siro kabeh laku maring taubat, nyuwun ngapura saking dosane saking pangeraniro kabeh serta agawe to'at lan maring sawarga dedalane kang di ambah, jembare sawarga kaya jembare antarane langit lan bumi, yaiku lakune limang atus tahun lamine, iku cinawisaken gon langgeng enom urip kadue sekehe wong kang sah jazeme iman, Angisto'aken ing Allah lan ing Utusane Allah, Mengkono iku sawarga kanugrahane Allah kang paring Allah ngersaaken ing wong iku pinaringan sawarga,

26/05/2026
23/05/2026

(6) Tahyiroh Muhtashor

I'Lam Weruha siro ing sa'tuhune aran Auliya' Allah, Murtabate iku telung perkara supaya hasil siro temen ing sahe Mepeki Syarat lan nampik saking kafir munafiq imane mardud
1), Kangdihin Waliyullah ngawam, Yaiku wongkang sah imane dadiya Fasiq kinasih dene Allah sawarga pinaringan lan senadiyan siniksa ingdalem neraka ba'dal hisab manjing sawarga' sebab berkate sah iman belaka,

2), Kapindo Waliyullah Khoas, Yaiku Wong Adil sumawona Adil serta Alim' luwih luhur derajate ora nglakoni setengage dosa gede lan ora ngekelaken setengahe haram cilik' wajibe Amar naha sakuasane linakonan ngedohi saking Haram majlisan' nalika tan kuasa nyegah saking anane munkar' milih lungguh halal panggonan' Uga kuasa nyegah saking kang dadi harame majlisan' due piagam ingdalem panggerane ngilmu Syariat' iku teka Akhirat manjing sawarga selamet ora Siniksa kang wus ana janjine Allah ning Syari'at,

3), Kaping telu Waliyullah Khowasul Khowas luwih Luhur derajate mungguh Allah, Yaiku Sifate Adil serta Alim langgeng Ma'rifat'e ing Allah Netepi wajib ngedohi Ma'siat dhohir bathin karena Allah Tan kesemsem ing Ladzate dunya, lan nuduhaken ing wong kabodohan dedalan bener maring Allah ninda'aken ing Amar ma'ruf wa Nahimungkar sakuasane, wong awam di ajar ngilmu Syara' manfa'at akhirat ginawe mashur langgeng syukure dhohir bathin maring Allah tan due tingal ing liane Allah, Anging Allah siji ing sabenere Pangeran, Amandeng ing Tho'ate saking Allah kanugrahan barang apa penggawene dewe lan penggawene liane atas Allah tingale dalem atine, Ikulah sifate Waliyullah Khoasul Khoas, Ikilah Qur'an nutur ing Sifate Aulia..
اَلَآ اِنَّ اَوْلِيَاۤءَ اللّٰهِ لَا خَوْفٌ عَلَيْهِمْ وَلَا هُمْ يَحْزَنُوْنَۚ
Surat Yunus Ayat 62
الَّذِيْنَ اٰمَنُوْا وَكَانُوْا يَتَّقُوْنَۗ
Surat Yunus Ayat 63
Anata ora weruh ing sa'tuhune waliyullah iku ora wedi khawatir sebab sentosa imane ingdalem atine Ingatase Waliyullah iku kabeh, Lan ora nana waliyullah iku kabeh prihatin ingdalem akhirat pinaringan sawarga selamet ora siniksa, Utawi sekehe waliyullah iku kabeh sah imane jazem pangistune atine ing Allah lan ing Rosulullah mepeki ingkang dadi syarat sahe iman lan Tho'at, Lan ana Waliyullah iku kabeh pada wedi lan asih wali iku kabeh ing Allah dhohir bathin' ngenggoni Ridhone Allah pangeran, barang apa ing sawiji wiji tingale ing Allah penggawene.

21/05/2026

Majlis Ta'lim Jam'iyah Rifa'iyah Kab. Tegal

بِسْمِ اللَّهِ الرَّحْمَنِ الرَّحِيمِ

اشه‍د ان لا الٰه الّا الله واشه‍د انّ محمّدا رسول الله

Angawaruhi ati ningsun ing satuhune' oranana pangeran kang sinembah sabenere' ing dalem wujude anging Allah' lan Angawaruhi ati ningsun ing satuhune' Nabi kita Muhammad iku utusane Allah , kang tinurunan kitab Qur'an, kang dadi panutan agama Islam..

Utawi Rukune Islam iku sawiji belaka yaiku Angucap Syahadat Roro kang wus kasebut',

Utawi Rukune Iman iku nemperkara
1).Kang dihin angimanaken ing Allah ,
2).Kapindo angimanaken ing sekehe malaikate Allah ,
3).Kaping telu angimanaken ing sekehe kitabe Allah ,
4).Kaping pat angimanaken ing sekehe utusane Allah ,
5).Kaping lima angimanaken ing dina Akhir Kiamat ,
6).Kaping nem angimanaken ing pesten becik lan ala saking ALLAH TA'ALA ,

Utawi Artine Iman iku ngistoaken ing barang kang di datengaken dene Rosulullah ,

"(Sorahe Iman Ingdalem Ati, Ngestoakaen jazem lan asih Ingsun ing barang kang di datengaken dene Rosulullah)"

Utawi Sahe Iman lan Syahadat iku arep asih ing sekabehe Syari'ate Nabi Muhammad ,

Utawi Batale Iman Lan Syahadat iku Rong perkara
1).Kang dihin mamang atine ing salah sawijine kang di datengaken dene Rosulullah ,
2).Kapindo sengit atine ing salah sawijine agamane Nabi Muhammad ,

Utawi Faidahe Sah Iman iku dadi pitukune sawarga' selamat ora kekel urip ingdalem neraka ,
Utawi Faidahe Wong Kang Sah Ibadah Netepi Wajib Tinggal Ma'siat iku telung perkara
1).Kang dihin dadi sentosa imane wong iku ,
2).Kapindo selamet ora di siksa ingdalem Akhirat ,
3).Kaping Telu luwih luhur derajate wong iku ingdalem sawarga ,

Utawi Wong kang Wus Sah Imane lan Ngibadahe Dawam iku pesti ingdalem sawarga' sebab wus ana janjine Allah ning syari'ate Nabi Muhammad tinemu sah imane wong kang ora ngibadah ,ora sah wong agawe ibadah kang ora nana imane wong iku ingdalem atine' ikulah kafir munafiq kekel urip ingdalem neraka lamon tan(ora) tobat,

Utawi Syarat Sahe wong kang Ginawe Guru iku riningkes rong perkara
1), Kang Dihin Alim' Weruh ing panggerane syariate Nabi Muhammad
2), Adil Riwayat' Ora nglakoni setengahe dosa gede, Lan ora ngekelaken setengahe haram cilik

Aran Adil Riwayat kumpul papat
1), Islam
2), Aqil
3), Baligh
4), Ora Fasiq
Ikulah Alim Adil Ulil Amri' Kholifah' Kulma cilik' Gegentine Kanjeng Rosulullah, Kang wajib ditut panutan agama Islam,
Barang sapa wonge' ora Sah' gurune wong iku pitakonan, Sebab bodoh tuin Alim Fasiq Tan Taubat, Maka Syaiton gurune wong iku sasar berayan,

Utawi Rukune Taubat Saking Kufur iku tekung perkara
1), Kangdihin mecat sekehe warnane penggaae kufur, Dhohir Bathin Wus Sah imane
2), Kapindo Nelongso
3), Kaping Telu Ora neja baleni maring setengahe penggaae kufur

Syarat Sahe Taubat Saking Kufur iku (Sadurunge waktu Ghor-Ghor lan Sadurunge metu srengenge saking maghrib' kang dadi tanda awite Qiyamat Kubro

Utawi Rukune Taubat Saking Ma'siat Zina atawa Nginum Sajeng iku Telung perkara
1), Kangdihin Mecat Ma'siat
2), Kapindo Nelangsa
3), kaping telu Ora neja baleni maring Ma'siat kang wus di taubati,
Lamon ma'siat iku tinggal wajib Sembahyang atawa tinggal puasa wulan Romadhon atawa tinggal aweh Zakat maka wuwuh Rukun seperkara yaiku Qodho Sembahyang lan Qodho puasa lan Qodho aweh zakat, Mengkono ugha Ghoshob ing Artane menungsa iku wuwuh Rukun Seperkara malih Arep mangsulaken arta maring kang duwe, Atawa anjaluk ing Halale lamon Ridho maka lepas perkarane.

Utawi Khobar iku Telung panggonan
1), Kangdihin iku khobar Sidiq
2), Kapindo iku khobar Ihtimal
3), Kaping Telu iku khobar Kidhib
Utawi pertelane khobar Sidiq Yaiku khobare para Nabi Sumawona Rosulullah lan Khobar Mutawatir la Khobare Wong Adil Riwayat Sumawona Adil Serta Alim,
Utawi pertelane Khobar Ihtimal yaiku Khobare wong Fasiq Lan Khobare Rare lan Khobare wong Edan iku kabeh tan Kapercayaan,
Utawi pertelane Khobar Kidhib Yaiku Khobare wong Awur Awuran Sumawona Gorohe kenyataan.

Wajib saben mukalaf ngumpulaken Telung perkara
1), Syari'at
2), Toriqot
3), Hakiqot
Syari'at'e : wong ngibadah mepeki Rukun Syarat Sahe Tho'at Netepi wajib tinggal Ma'siat
Thoriqot'e : Iku neja ati maring Allah karidho'an
Hakiqot'e : Iku amandeng ing kanugrahane Allah, benere dohir bathin saking Allah tulungan

Syariat'e : Wong nenandur lan wong dedagangan iku arep anut ing sahe ning Syara' panggeran
Thoriaot'e : Iku hasil'e arta ginawe tulung bekti ing Allah
Hakiqot'e : Iku amandeng ing Allah tulungan, Solah tingkah dohir bathin saking Allah panguasane.

I'lam Weruha siro ing sa'tuhune aran Auliya' Allah, Murtabate iku telung perkara supaya hasil siro temen ing sahe Mepeki Syarat lan nampik saking kafir munafiq imane mardud
1), Kangdihin Waliyullah ngawam, Yaiku wongkang sah imane dadiya Fasiq kinasih dene Allah sawarga pinaringan lan senadiyan siniksa ingdalem neraka ba'dal hisab manjing sawarga' sebab berkate sah iman belaka,

2), Kapindo Waliyullah Khoas, Yaiku Wong Adil sumawona Adil serta Alim' luwih luhur derajate ora nglakoni setengage dosa gede lan ora ngekelaken setengahe haram cilik' wajibe Amar naha sakuasane linakonan ngedohi saking Haram majlisan' nalika tan kuasa nyegah saking anane munkar' milih lungguh halal panggonan' Uga kuasa nyegah saking kang dadi harame majlisan' due piagam ingdalem panggerane ngilmu Syariat' iku teka Akhirat manjing sawarga selamet ora Siniksa kang wus ana janjine Allah ning Syari'at,

3), Kaping telu Waliyullah Khowasul Khowas luwih Luhur derajate mungguh Allah, Yaiku Sifate Adil serta Alim langgeng Ma'rifat'e ing Allah Netepi wajib ngedohi Ma'siat dhohir bathin karena Allah Tan kesemsem ing Ladzate dunya, lan nuduhaken ing wong kabodohan dedalan bener maring Allah ninda'aken ing Amar ma'ruf wa Nahimungkar sakuasane, wong awam di ajar ngilmu Syara' manfa'at akhirat ginawe mashur langgeng syukure dhohir bathin maring Allah tan due tingal ing liane Allah, Anging Allah siji ing sabenere Pangeran, Amandeng ing Tho'ate saking Allah kanugrahan barang apa penggawene dewe lan penggawene liane atas Allah tingale dalem atine, Ikulah sifate Waliyullah Khoasul Khoas, Ikilah Qur'an nutur ing Sifate Aulia..
اَلَآ اِنَّ اَوْلِيَاۤءَ اللّٰهِ لَا خَوْفٌ عَلَيْهِمْ وَلَا هُمْ يَحْزَنُوْنَۚ
Surat Yunus Ayat 62
الَّذِيْنَ اٰمَنُوْا وَكَانُوْا يَتَّقُوْنَۗ
Surat Yunus Ayat 63
Anata ora weruh ing sa'tuhune waliyullah iku ora wedi khawatir sebab sentosa imane ingdalem atine Ingatase Waliyullah iku kabeh, Lan ora nana waliyullah iku kabeh prihatin ingdalem akhirat pinaringan sawarga selamet ora siniksa, Utawi sekehe waliyullah iku kabeh sah imane jazem pangistune atine ing Allah lan ing Rosulullah mepeki ingkang dadi syarat sahe iman lan Tho'at, Lan ana Waliyullah iku kabeh pada wedi lan asih wali iku kabeh ing Allah dhohir bathin' ngenggoni Ridhone Allah pangeran, barang apa ing sawiji wiji tingale ing Allah penggawene.

21/05/2026

(5) Tahyiroh Muhtashor

Wajib saben mukalaf ngumpulaken Telung perkara

1), Syari'at
2), Toriqot
3), Hakiqot

Syari'at'e : wong ngibadah mepeki Rukun Syarat Sahe Tho'at Netepi wajib tinggal Ma'siat
Thoriqot'e : Iku neja ati maring Allah karidho'an
Hakiqot'e : Iku amandeng ing kanugrahane Allah, benere dohir bathin saking Allah tulungan

Syariat'e : Wong nenandur lan wong dedagangan iku arep anut ing sahe ning Syara' panggeran
Thoriaot'e : Iku hasil'e arta ginawe tulung bekti ing Allah
Hakiqot'e : Iku amandeng ing Allah tulungan, Solah tingkah dohir bathin saking Allah panguasane.

Photos from Majlis Ta'lim Jam'iyah Rifa'iyah Kab. Tegal's post 21/05/2026

Jejak peninggalan Tarajumah di Tegal Kota, Tepatnya di Asam Tiga Kraton Kota Tegal yang kini terkikis oleh masa karna hilangnya generasi penerus..🤧

21/05/2026

(4) Tahyiroh Muhtashor

Utawi Khobar iku Telung panggonan

1), Kangdihin iku khobar Sidiq
2), Kapindo iku khobar Ihtimal
3), Kaping Telu iku khobar Kidhib

Utawi pertelane khobar Sidiq Yaiku khobare para Nabi Sumawona Rosulullah lan Khobar Mutawatir lan Khobare Wong Adil Riwayat Sumawona Adil Serta Alim,

Utawi pertelane Khobar Ihtimal yaiku Khobare wong Fasiq Lan Khobare Rare lan Khobare wong Edan iku kabeh tan Kapercayaan,

Utawi pertelane Khobar Kidhib Yaiku Khobare wong Awur Awuran Sumawona Gorohe kenyataan.

Want your school to be the top-listed School/college in Tegal?

Click here to claim your Sponsored Listing.

Location

Category

Website

Address


Ds Gumalar Adiwerna Tegal
Tegal