16/05/2020
Seng Waras Ojo Ngalah
Salah sijine coro Cah nom2 saiki ben diarani gaul, kaum Millennial, gak kudet, yo kudu "exis", kudu muncul neng jagat media sosial.
Mboh piye carane pokok kudu always on, kudu panggah nduwe kuota gawe ngubungne karo konco2ne lewat WA, Facebook, Instagram.
Poto profil kudu lamis, syantik, blink2... Lek poto asline kurang uayu, kurang guanteng.. Gampang kuwi cah..
Lah piye carane? Yo garek download aplikasi sulapan. Wajah suram dadi bersinar, kurang manis iso maleh mempesona koyo artis korea.
Ngisi status yo kudu sampurno, gawe foto karo video seng ngejreng. Poto dolan2 Mai laip mai advencer, megal-megol Njoget tiktok, ngeprank neng yutube, ben uakeh seng ndelok. Kabeh mau yo gur pengen oleh klik like, subscribe n comment, terus iso nambah jamaah follower.
Podo2 ngisine materine neng sosmed, nyapo kok gak diisi seng apik2.. Nyapo kok dadak isin ngisi ngaji neng Facebook, youtube.
Cah2 kuwi ae ra wedi salah, sak karepe dewe.. nyapo kami santri ndeso kok sek wedi salah, sek isin, sek ragu gawe ngisi dakwah.
Ayo Cah Ndeso tunjukkan pesonamu..
Eh... Tunjukkan Ngajimu..
Seng Waras Ojo Ngalah..
Panjenengan mirsani, Alhamdulillah..
Nderek Ngaos Subhanallah..
Mugi2 Allah SWT paring Hidayah dumateng kito sedoyo..
Amin..
Santri Ndeso