07/12/2021
BAHASA CIREBON SING EGALITER (NATIVE) KARO BAHASA CERBON KROMO INGGIL (SING KESULTANAN MATARAM ISLAM)
Penulis: Mr. Tjipto
Kata-kata jancuk, bacot, muke gile, nyocot, nyerocos, mbacot, mbadog, karo sebangsae iku ning budaya sing feodal kurang sreg diomongaken asale kata-kata kuen kentel unsur egalitere.
Ning jagad Eropa, feodalisme wis ambrek ning jaman modern kien, dadi sing arane feodalisme kuh ning Indonesia kudune bli usah ditonjolaken, mending sing ditonjolaken bagian egalitere bae.
Ning kebudayaan Cirebon sing sejarahe sebage tempat mencloke aneka ragam etnis karo bangsa sing ngendi-ngendiara (Sunda, Jawa, Cina, Arab, Melayu, Portugal, Belanda/Holland/Netherlands, India, karo sejene) ndadiaken ana budaya sing egaliter ning tanah Cirebon (salah sawijine iku bahasa Cirebon). Ana kultur feodal asale ning Cirebon ana kerajaan sing digawe pangeran Cakrabuana keturunan raja Pajajaran, terus kerajaan ning Cirebon gan duwe hubungan karo kerajaan Mataram islam sing akhire mempengaruhi budaya ning Cirebon, misale ning bahasa Cirebon gan ana bahasa Cirebon kromo inggil sing dipengaruhi bahasa kromo inggil seng kraton Mataram islam. Misale, Bahasa Cirebon Kromo inggil: Kula (saya), mlebet (masuk), Tiang sepuh ( orang tua). Contoh bahasa Cirebon sing native karo egaliter: saya=kita, kamu= sira.
Dadi eman-eman mung gara-gara feodalisme ano bahasa karo kata-kata sing ngilang sampe punah gara-gara diarani kasar.
Ning jaman modern kuh, sebage bangsa sing pada bae derajade karo bangsa-bamgsa sejene, budaya-budaya lokal nusantara kudu ditempatkan kang istimewa, pergeseran budaya lokal kudu progresif sing searah karo modernisasi tapi bli mbabut oyode budaya bangsa dewek.