20/05/2026
๐ข DAWUH LANGGAR KULON ๐ข
๐๏ธ Selasa, 19 Mei 2026
Assalamualaikum warahmatullahi wabarakatuh,
Alhamdulillah, sedulur jamaah Langgar Kulon (PMJ) senantiasa diparingi kekiyatan kagem njagi istiqamah rutinan Malam Rabu. Majelis niki dipun lanjengaken minangka wujud mahabbah kito dumateng Almarhum Gus Lik, kanthi nggelar tahlil, dongo bareng, lan nyimak malih tuntunan ibadah ingkang sampun dipun warisaken.
Majelis dipun awali kanthi waosan tahlil kagem poro Masyayikh, leluhur, ugi kagem Almarhum Gus Lik, mugi-mugi sedanten perjuanganipun dados amal jariyah ingkang mboten pedot.
Wonten ing kalodangan niki, kito merenungkan kembali materi babagan "Sholat Idul Adha" supados ibadah kito mangke sampurna:
* Sunnah Sadรชrรชngipun Sholat: Dipun sunnahaken adus kramas, ngangge ageman ingkang paling sae lan wewangian, sarta mboten dhahar rumiyin ngantos kondur saking sholat Idul Adha.
* Niat lan Tata Cara: Sholat Idul Adha niku wonten kalih rakaat. Rakaat sepisan mawi takbir ping 7 (pitu), lan rakaat kaping kalih mawi takbir ping 5 (lima). Ing sela-selane takbir, kito maos tasbih lan tahmid dumateng Gusti Allah.
* Khutbah Idul Adha: Sasampune sholat, jamaah dipun suwun mboten kesusu kondur supados saged mirengaken khutbah. Khutbah niki penting kagem nambah mantepipun iman lan mangertosi hikmah kurban saking Nabi Ibrahim AS lan Nabi Ismail AS.
* Wektu Pelaksanaan: Sholat Idul Adha niku sunnahipun dipun laksanaaken langkung awal (pagi-pagi sekali) supados wekdal kagem nyembelih kewan kurban langkung jembar.
Mugi-mugi kanthi ngerawat majelis niki, kito sedoyo pikantuk barokah lan saged nindakaken ibadah Idul Adha kanthi ikhlas lan manut tuntunan agama.
๐คฒ Doa Majelis:
Mugi jamaah PMR tansah pinaringan kesehatan, kekiyatan iman, rejeki ingkang barokah, lan takdir selamet dunya akhirat. Aamiin Ya Rabbal Alamin.
Wassalamualaikum warahmatullahi wabarakatuh. ๐ข