03/11/2016
PITUTUR TIYANG SEPUH
Duh bocah bagus anak'ku lanang..
wong tuwomu dudu rojo,
Sing diwariske dudu bondho dunyo....
Anakku lanang bagusing ati,
ojo Lali anggonmu Memuji,
marang Gusti Kang Murbéng Dumadi...
mugo dadi Padhange ati.
Urip Ing dunyo Iku Sedhelo,
Urip Ing dunyo koyo Samudro,
Mulo Ngger…., Ojo Wegah Podho Tetanen,
Ing kono Mbesuk'e bakal panen.
Bocah bagus anak'ku Lanang,
Ojo nganti ninggal Piwulang,
Mumpung jembar golek'o pepadhang...
ojo Jirih ing pepalang.
Sejatine ora ono opo-opo…..
Sejatine Jagad wujud Suwung,
ora warno lan ora rupo,
sing ono Mung Awang-Uwung.
Akehing bondho dudu ukuran,
Drajat Lan Pangkat dudu takeran,
Lan Pepujane roso dudu anak,
Pagering Jiwo dudu sanak.
Wong Tuwomu dudu Dewo,
Ora wenang nulis garise manungso...
Sangumu mung isi pitutur,
Mugo dadi titah kang luhur....