W P Okta H

W P Okta H

Share

terus belajar memahami hidup. belajar, berilmu, berada, dan berbudaya.

27/08/2023

Kucing Lanang (Oren)

Dudu omahe neng dadi sabane
Melu mangan ngombe lan turu
Nalika teka kuru awake luwih ndramus rupane
Putih Abang(oranye) rupa ulune

Teka amerga wanodya kang ayu rupane
P**i Aran utawa jejuluke kang putih rupane
Saiki wis lali omah bendarane, arang mulihe
Mulih njaluk mangan mung diwenehi roti iwak

Wus meh setahun anggone ing kene
Mangan wae ya milih-milih, iwak kudu seger
Ra gelem mangan Yen iwak wus es-esan
Saiki lemu lan kopen awake ing kene

17/06/2023

Mesti Mulih
Jumat wengi teka niat mbaturi awakmu
Nalika dipasang selang NGT nambahi manganmu
Amarga angel anggonmu mangan utawa ngilu
Nangis kejer-kejer Awit saka njaba keprungu
Wis kepasang selang angker turumu

Anakku gampanga anggonmu mangan
Supaya Enggal dhangan anggonmu lara
Jare mbahkongmu sapa sing s*k gelem mangan
Pitandha wong S*k gelem anggone Urip

Tengah wengi dumadakan selang kok batek
Ucul saka bolongan irungmu
Dirih-rihh supaya gelem nyusu gantine manganmu
Angker turumu sabubare iku nganti esuk
Shubuh aku wiwit metu anetepi perlu

Dina iku katon penak awakmu
Mangan isih gelem kolu, seneng atiku
Gelem dolanan kaya dina-dina sadurunge
Kaya nalika saben aku nunggu inf Dina Jumat nganti Minggu

Ahad wengi aku pamit awakmu
Salim Karo awakmu, daksun batukmu, p**i Kiwa tengenmu
Senin wengi video call awakmu Langi dolanan
Jebule rebo isuk awakmu mulih

Mulih miring Gusti kang Murba ing dumadi

31/05/2023

Ngubengi Surabaya numpak Surabayabus. Cukup 5k.

Want your school to be the top-listed School/college in Surabaya?

Click here to claim your Sponsored Listing.

Location

Telephone

Website

Address


Jalan Gayungan PTT No. 35, Gayungan
Surabaya
60235